Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku iklan kang kayane ngetheng-ngetheng sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.
Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan.Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing jawa iki ugah akeh tinemu iklan kang migunakake basa Jawa. Ancase ora liyo supaya wong kang ana ing Jawa iki bisa mangerteni kanthi gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimengerteni iklan iku uga kudu cerkak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krunggu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobate iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-dieling dening bebrayan.
sadurunge nerusake sinau babagan iklan,coba wangsulana pitakon iki!
- Apa awakmu tau ngurungokake utawa weruh iklan kang migunakake basa Jawa?
- Ing ngendi awakmu nemoke iklan iku mau?
- iklane iku mau babagan apa?
- Kepriye basa kang digunakake ing iklan mau?
- Apa gunane iklan iku mau tumrape awakmu?
A.Ngrembug teks iklan
Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawarkake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarkake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio.
Titikane iklan kang becik yaikujujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimengerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
- Jeneng barang utawa jasa kang ditawarkake.
- Pihak utawa pawongan kang masang.
- Alamate sing masang,
- Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawarkake.
Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane.Titikane basa iklan yaiku:
- migunakake slogan,
- ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
- migunakake subjek wong kapisan.
B.Nulis teks iklan
Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawarkake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
- sing dituju kudu cetha,
- sing ngirim kudu cetha,
- barang utawa jasa sing ditawarkake kudu cetha,
- narik kawigaten sing maca utawa nonton.
- nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawarkake
- bisa nggawe sing maca utawa nonton tuku barang sing ditawarkake,
- nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
C.Carane nulis iklan
- Temtokna ancase iklan (nawarkake barang utawa jasa)
- Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
- Ngerembakakecengkorongan dadi iklan kang wutuh,nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
D.Nyuguhake teks iklan
Maca teks ikla tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng,becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
- Paham isine iklan.kalebu basa,uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
- Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
- Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karater paraga kang digambarake.
E.Tuladha Pariwara Bahasa Jawa
Tuladha Pariwara Pocari Sweat
sumber:Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
sumber video:https://youtu.be/hFJlEmNo9gk
Maturnuwun info ne
BalasHapus