Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan.kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisaa setuju (sarujuk),bisa ora setuju,bisa nyengkuyung,lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).
B.Tulandha Geguritan
Pahlawanku
dening: Nanik Herawati
Pahlawanku . . .
Mbokkorbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
Banda lan nyawa kopasrahake.
Kanggo kamulyaning bumiku . . .
Indonesia . . .
Getih luber mili netesi ibu pertiwi
Lumantaring donga kang tulus,
Aku tansah prasetya . . .
Njaga ibu pertiwi
Kanthi ati kang suci
Sanadyan kanahan kaya-kaya binelah-belah
Aku tetep kencang njaga nuswantaraku
Sanadyan bumiku mosak-masik . . .
Aku tetep nggondheli merah putihku
Ayo . . . terus semangat . . . pantang mundur!
C.Nemoke tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhke rasa marang kahanan. Ana kang nggambarke rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-kepati marang kahanan.Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.
D.Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
- Ora kaiket dening aturan utawa pranat guru gatra, wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
- Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
- Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapununggale).
- Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggeresah, pamandhut, lan sapanunggale.
Sumber :Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA.Penerbit.Yudhistira.Sumber puisi :Buku Kulina Basa Jawa
Sangat berguna sekali kakak makasih :)
BalasHapus