A.Crita rakyat
Crita
Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang
uwes dadi tradhisi ing masyarakat.Crita rakyat kasebut kacritakake ing
maneka werna kahanan,ana sajroning kumpulan,utawa pinangka crita
pamancing impen,lan sapiturute.Tumraping bocah-bocah,crita rakyat uga
bisa migunani pinangka pendhihikan budi pekerti,amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah.Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun,kayata tema,tokoh utama utawa penokohan,latar(setting),alur(plot),sudhut pandhang,lan amanat.
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca.Latar(setting) yaiku papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak sajroning crita.Sudhut pandhang yaiku cara padhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud kapisan,wong kapidho,utawa wong katelu.Amanat yaiku pesen kang diaturaken dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai,antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran,kabisan,lan karya cipta manungsa,nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha,lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

- Titikane crita rakyat
- Panyebarane kanthi lesan
- Duweni sifat tradhisional
- Sugih cakrik lan variasi
- Jenenge pangariptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
- Wangune tiron(klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
- Mupangate crita rakyat
- Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng uga menehi hiburan.
- Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana in sajroning cerita.
- Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
- Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga parabkang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
- Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didaekake tuladha kanggo para kang maca.
Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik,kayata:- Unsur Crita Rakyat
- Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
- Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan panggonan lan sosial budaya.
- Paraga yaiku paraga ing sajroning crita.Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindak,ciri isike,lingkungane,lan sapanunggale.
- Alur (plot) yaiku pesen kang ana ing sajroning crita.
- Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
- Sudut pandang yaiku nritakake tokoh,barang,papan,lan sapanunggale.
- konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita
- Wujudte crita rakyat miturut William R.Bascom ana telung golongan,yaiku mitos,legendha, lan dongeng.
- Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan.Kedadeyan ing alam dharatan,segara utawa langit,tuladha crita Nyi Rara kidul,Nyi Lanjar,lan sapanunggale.
- Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan,biyasane crita mau ana petilasan arupa watu,gunung kali,lan sapanunggale.Tuladhane crita Baru klinthing,Kawah Sikidang,Sumur Jalatundha,Rara Jonggrang,lan sapununggale.
- Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya.Tuladhane Kancil Nyolong Timun,Keong mas,Lutung Kasarung,lan sapanunggale.
B.Sinopsis
- Tema : gagasan pokok,pokok cerita
- Latar :papan lan wektu dumadine prastawa
- Alur : lakuning crita
- Penokohan :paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise.
C.Tuladha Crita Rakyat
Tuladha Crita Rakyat "Dumadine Rawa Pening"
Video pembelajaran ing dhuwur iku kalebu crita rakyat kang jinise yaiku Legendha.Sumber :Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA.Penerbit.YudhistiraSumber Video:https://www.youtube.com/user/DIDIKSUPRI1Matur suwun😀 Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cerkak nanging bisa njlentrehake crita sakabahe.Nalika bakal nulis sinopsis,bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
Baguss.sangat membantu
BalasHapusSuwun infonya bermanfaat
BalasHapus👍👍👍
BalasHapus