Rabu, 22 Januari 2020

Panganan Tradhisional Jawa

Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa daerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Pandhang, lan sapanunggale.

Jadah
Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo pengaten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amarga mgemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
 Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimengerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu,babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak  kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kui akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka perkara sing abot tumekaning prekara sing entheng,ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa dikarampungake.
Isine teges ndhuwur, yaiku:
  • Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten;
  • Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket;
  • Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing acara tedhak siten;
  • Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu;
  • Jadah werno pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri,yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu dilewati.

Geguritan Materi Kelas XII

Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtCacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A.Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
  • Maca kanthi premati,yen perlu dibolan-baleni.
  • Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  • Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
  • Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening pangurite.
  • Tambahana tembung utawa wanda saengga ukurane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.
    Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan.kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisaa setuju (sarujuk),bisa ora setuju,bisa nyengkuyung,lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).
    B.Tulandha Geguritan
    Pahlawanku
     dening: Nanik Herawati
    Pahlawanku  .  .  .
    Mbokkorbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
    Banda lan nyawa kopasrahake.
    Kanggo kamulyaning bumiku .  .  .
    Indonesia  .  .  .
    Getih luber mili netesi ibu pertiwi
    Lumantaring donga kang tulus,
    Aku tansah prasetya .  .  .
     Njaga ibu pertiwi
    Kanthi  ati kang suci
    Sanadyan kanahan kaya-kaya binelah-belah
    Aku tetep kencang njaga nuswantaraku
    Sanadyan bumiku mosak-masik  .  .  .
    Aku tetep nggondheli merah putihku
    Ayo .  .  . terus semangat  .  .  . pantang mundur!


    C.Nemoke tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

    Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhke rasa marang kahanan. Ana kang nggambarke rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa  malah nggambarake  rasa serik kang kepati-kepati marang kahanan.Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

    D.Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

    Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
    1. Ora kaiket dening aturan utawa pranat guru gatra, wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
    2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
    3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapununggale).
    4.  Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggeresah, pamandhut, lan sapanunggale.

    Sumber :Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA.Penerbit.Yudhistira.Sumber puisi :Buku Kulina Basa Jawa

Pariwara Materi Kelas XI

Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku iklan kang kayane ngetheng-ngetheng sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.
  Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan.Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang  gampang dingerteni  dening pamaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing jawa iki ugah akeh tinemu iklan kang migunakake basa Jawa. Ancase ora liyo supaya wong kang ana ing Jawa iki bisa mangerteni kanthi gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimengerteni iklan iku uga kudu cerkak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krunggu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobate iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-dieling dening bebrayan.
sadurunge nerusake sinau babagan iklan,coba wangsulana pitakon iki!
  1. Apa awakmu tau ngurungokake utawa weruh iklan kang migunakake basa Jawa?
  2. Ing ngendi awakmu nemoke iklan iku mau?
  3. iklane iku mau babagan apa?
  4. Kepriye basa kang digunakake ing iklan mau?
  5. Apa gunane iklan iku mau tumrape awakmu? 

A.Ngrembug teks iklan
      Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawarkake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho, bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarkake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio.
     Titikane iklan kang becik yaikujujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimengerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawarkake.
  2. Pihak utawa pawongan kang masang.
  3. Alamate sing masang,
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawarkake.
          Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane.Titikane basa iklan yaiku:
  1. migunakake slogan,
  2. ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
  3. migunakake subjek wong kapisan.
B.Nulis teks iklan
     Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawarkake. Carane nggawe iklan sing apik kudu  nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
  • sing dituju kudu cetha,
  • sing ngirim kudu cetha,
  • barang utawa jasa sing ditawarkake kudu cetha,
  • narik kawigaten sing maca utawa nonton.
  • nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawarkake
  • bisa nggawe sing maca utawa nonton tuku barang sing ditawarkake,
  • nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.
C.Carane nulis iklan
  • Temtokna ancase iklan (nawarkake barang utawa jasa)
  • Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
  • Ngerembakakecengkorongan dadi iklan kang wutuh,nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.
D.Nyuguhake teks iklan
           Maca teks ikla tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng,becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
  • Paham isine iklan.kalebu basa,uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
  • Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
  • Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karater paraga kang digambarake. 
E.Tuladha Pariwara Bahasa Jawa
Tuladha Pariwara Pocari Sweat
sumber:Gegaran Nyinau Basa Jawa 3
sumber video:https://youtu.be/hFJlEmNo9gk

Kamis, 16 Januari 2020

Pitutur Luhur Ing Crita Wayang

A.Video Wayang "Bima Bungkus"

 B.Pangerten Wayang

Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-.Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa.Wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

C.Nemokake tuntunan ing video wayang

 Tuntunan Ing Video iku Wayang Bima Bungkus ,yaiku bayi kang duweni sifat sekti banget kang bisa mateni gajahsena.
Dene tuntunan ing video wayang Bima Bungkus,iku deweke sekti banget awit bayi ning deweke ora sombong marang wong malah nulungi wong sing nyuwun panulungan marang Bima. 

D.Nulis Sinopsis Wayang

Urut-urutane nulis sinopsis
  1. Maca naksah asli dhisik utawa Nonton Video Wayang kanggo mangerteni kesan umum penulis.
  2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
  3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau,banjur tulisen nganggo ukara kang cerkak,gamblang,efektif miturut crita asline.
  4. Dialog lan momolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
  5. Ringkesane/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.
Sumber: Buku Gegara Nyinau Bahasa Jawa 1  Kelas X SMA/SMK/MA.Penerbit.Yudhistira
Sumber Video:https://youtu.be/poG8sDeXSf0 



Matur suwun 😀




bab Katresnan Kang Sejati kelas XI

A.Crita rakyat

    Crita Rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang uwes dadi tradhisi ing masyarakat.Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan,ana sajroning kumpulan,utawa pinangka crita pamancing impen,lan sapiturute.Tumraping bocah-bocah,crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhihikan budi pekerti,amarga budi pekerti luhur tumrap bocah-bocah.Crita rakyat duwe unsur-unsur pambangun,kayata tema,tokoh utama utawa penokohan,latar(setting),alur(plot),sudhut pandhang,lan amanat.
    Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita.Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca.Latar(setting) yaiku papan panggonan,wektu,lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita.Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak sajroning crita.Sudhut pandhang yaiku cara padhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud kapisan,wong kapidho,utawa wong katelu.Amanat yaiku pesen kang diaturaken dening panganggit marang wong kang maca.
    Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai,antarane yaiku nilai-nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pamikiran,kabisan,lan karya cipta manungsa,nilai-nilai sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha,lan nilai-nilai moral kang duweni gegayutan karo tumindak apik lan elek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.
  • Titikane crita rakyat
    • Panyebarane kanthi lesan 
    • Duweni sifat tradhisional
    • Sugih cakrik lan variasi
    • Jenenge pangariptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit)
    • Wangune tiron(klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
    • Mupangate crita rakyat
    1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem,seneng uga menehi hiburan.
    2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana in sajroning cerita.
    3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
    4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga parabkang maca  bisa mangerteni moral kang apik lan elek.
    5. Mupangat relegiusitas  yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didaekake tuladha kanggo para kang maca.
    • Unsur Crita Rakyat
    Crita rakyat nduweni unsur-unsur intrinsik,kayata:
    • Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan  utama kang ndhasari lakuning crita.
    • Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu,papan panggonan lan sosial budaya.
    • Paraga yaiku paraga ing sajroning crita.Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindak,ciri isike,lingkungane,lan sapanunggale.
    • Alur (plot) yaiku pesen kang ana ing sajroning  crita.
    • Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
    • Sudut pandang yaiku nritakake tokoh,barang,papan,lan sapanunggale. 
    • konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita 
    • Wujudte crita rakyat miturut William R.Bascom ana telung golongan,yaiku mitos,legendha, lan dongeng.
    • Mitos 
     Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan.Kedadeyan ing alam dharatan,segara utawa langit,tuladha crita Nyi Rara kidul,Nyi Lanjar,lan sapanunggale.
    • Legendha 
    Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan,biyasane crita mau ana petilasan arupa watu,gunung kali,lan sapanunggale.Tuladhane crita Baru klinthing,Kawah Sikidang,Sumur Jalatundha,Rara Jonggrang,lan sapununggale.
    • Dongeng 
    Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya.Tuladhane Kancil Nyolong Timun,Keong mas,Lutung Kasarung,lan sapanunggale.

    B.Sinopsis

    • Tema            : gagasan pokok,pokok cerita
    • Latar             :papan lan wektu dumadine prastawa
    • Alur               : lakuning crita
    • Penokohan     :paraga crita
    Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe  sinopsise.

    C.Tuladha  Crita Rakyat

     Tuladha Crita Rakyat "Dumadine Rawa Pening"
     Video pembelajaran  ing dhuwur iku kalebu crita rakyat kang jinise yaiku Legendha.


    Sumber :Buku Gegaran Nyinau  Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA.Penerbit.Yudhistira
    Sumber Video:https://www.youtube.com/user/DIDIKSUPRI1


     
     Matur suwun😀
  • Sinopsis  yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cerkak nanging bisa njlentrehake crita sakabahe.Nalika bakal nulis sinopsis,bab-bab kang kudu digatekake yaiku: